Cirine Wong Sekang Entut’e

aku2

Embuh kenangapa siki aku lagi seneng nulis nganggo bahasa ngapak. Mandan kepengin promosi juga sih: MENDUNIAKAN BAHASA NGAPAK KEBUMEN-BANYUMASAN. Ya aja ana sing kesuh ya kowe-kowe padha. Kiya kiye kang, enggane aku nemu cerita lucu, sing nembe tek waca sekang fesbuk nangkene, tapi mbarang tek goleti nang gugel jebul ana sing versi bahasa Indonesia nangkene. Wong anu ujarku apik ya, dadine tek waca maning, trus tek edit nganggo bahasa ngapak, ben tambah lucune. Aku nembe wis ngguyu kepingkel-pingkel gara-gara tulisan kiye kang, serius kiye, dudu lomboan. Nah aku juga kepengin rika juga isa ngguyu kaya aku nembe. Kiye langsung baen diwaca lah ya. Monggo.

Cirine Wong Sekang Entut’e

aku2

Wong PINTER : Wong sing ngerti kapan ulih ngentut lan kapan ora ulih ngentut.

Wong SOPAN & JUJUR : Wong sing nek garep ngentut mesthi ngomong kaya kiye, “Ngapunten nggeh, kulo badhe ngentut rumiyin.”

Wong SOK BERSIH : Wong nek garep ngentut, kathoke diuculi dhisit.

Wong MISTERIUS : wong sing nek ngentut kuwe, wong liya ora ana sing ngerti.

Wong SOSIAL : Wong sing kipas-kipas nek bar rampung ngentut.

Wong SOMBONG : wong sing seneng banget ngambung entut’e dhewek.

Wong AKEH AKAL’E : Wong sing nek ngentut disambi karo mbaor-mbaor, ben wong liya ora isa krungu.

Wong BODHO : Wong sing ora isa mbedakaken entut’e dheweke karo entut’e wong liya.

Wong PELIT : Wong sing seneng ngempet / nahan entut’e dhewek.

Wong KORUP : Wong sing entut’e mambu banget ora ketulungan.

Wong ORA JUJUR : Wong sing nek bar ngentut terus langsung idu.

Wong HEMAT : Wong sing isa ngetokaken entut’e dhewek sesuai kebutuhan.

Wong PERCAYA DIRI : wong sing ngira nek entute dheweke kuwe ambune wangi.

Wong LUGU : Wong sing nek ngentut eh malah kaget.

Wong SENENG NABUNG : Wong sing nek ngentut trus dilebokna plastik, nah bar guwe dijiret kenceng.

Wong KEJEM/SADIS : Wong sing senengane ngentut nangarepe raine wong liya.

Wong TUKANG FITNAH : Wong sing nek ngentut langsung nuduh wong liya.

Wong SIAL : wong sing dientuti terus karo wong liya.

Wong SERAKAH : Wong sing seneng ngambung entut’e wong liya.

Wong EDAN/GENDENG : Wong sing nek ngentut senengane silite dilebokna banyu, ben isa ngerti nek monine blekuthuk-blekuthuk.

Wong BOROS : Wong sing nek ngentut malah ditokaken sekaliyan karo ampas-ampas’e.

Wong KEMPROH/JOROK : Wong sing nek ngentut kathoke melu teles.

Wong MALES : Wong sing nek ngentut ora tau tuntas.

Wong MINDERAN / ORA PEDE : Wong sing nek ngentut suarane cilik banget lan monine tersendat-sendat.

Wong PEMBUAL : Wong sing ora isa dibedakaken maning endi entut’e lan endi omongane.

Wong SUGIH : Wong sing akeh ngentut’e daripada kerjane.

Wong SENGSARA : Wong sing seumur-umur hanya kepengin ngentut be ora tau kesampaian.

Wong ORA NDUWE GAWEAN : Wong sing seneng mbahas masalah kentut, paling ora sing maca tulisan kiye.

Wis ya, kesewun banget sing wis gelem maca kiye. Aja ana sing kesuh lah ya, kiye mung nggo lucu-lucuan. Tapi rika padha ngguyu mbok? Ya wis, ayo padha berbagi kisah lucu, karo kisah sedih ya ora papa. Apa baen. Nuwun. Monggo diterusaken pak kiyai. :mrgreen:

Footer: dokumentasikanlah hidup Anda selalu.

Facebook Comments:

18 thoughts on “Cirine Wong Sekang Entut’e

  1. wah, wis ngapak, ngomong kentut meneh, ckckckck…

    ” admin:
    aku ga yakin kau bisa mengerti semua tulisan di atas, wisna. bahasa jawa-ngapak itu gampang2 susah. πŸ˜€

  2. Very interesting and amusing subject. I read with great pleasure.

    ” admin:
    eh mas, njenengan itu spam to? hayo ngaku aja. aku udah dikasih tahu sama mba isnuansa. sudahlah mengakulah, aku ga marah kok. :mrgreen:

  3. @Kang Samsul Arifin
    Mohon maaf, saya sedang mengajak @Mas Karl Karnadi untuk membuktikan komentar nya mengenai:

    Dan btw sama sekali tidak relevan dan bahkan agak misleading untuk anda (maksudnya @Haniifa) menyebutkan kredibilitas orang (mahasiswa, dosen, sampai peserta olimpiade matematika Internasional).

    Untuk @Mas Karl Karnadi mari kita bicara baik-baik apapun disiplin ilmu /status sosial saudara disini:

    http://haniifa.wordpress.com/2009/08/11/konsep-bilangan-biner-berawal-dari-al-quran/

    Wassalam, Haniifa.

    ” admin:
    tadi aku udah mampir mas, cuma kok ga mudheng ya, jadinya ya aku close aja deh. hehehe. :mrgreen:

    wa’alaikumsalam, admin.

  4. Interesting and informative. But will you write about this one more?

    ” admin:
    mas, njenengan spam juga to? jangan ganggu aku lagi ya. damai pokoknya. πŸ˜€

  5. lam kenaaaaall…pengen baca…tapi tidak ngerti…hik..hik…
    padahal kayaknya seruuu…yang dibahas kentut, yo?????

    ” admin:
    salam kenal, mba. iya, aku sedang membahas kentut di sini. πŸ˜›

  6. Hahahaha, nyong dadi seneng banget maca tulisan rika!
    Kiye bahasa sing marakna kangen marang Kebumen.
    Marang Jl A Yani, Jl Pemuda, Mie Ayam terminal, pasar, lan apa maning nek ora sate ambal, marakna pingin bali nang Kebumen ketemu kanca-kanca juga!

    Tapi dheneka rika nulis soal entut sih? Mbebehi timen ko!
    Mbokya nulis liyane sing apik soal Kebumen misale soal Ratih TV, apa soal toko-toko mbok ana sing lan menarik?

    Cerita-cerita ya? Nyong tunggu sekang adoh!

    ” admin:
    siip kang, pokoke nek ora ngapak didupak!

  7. weeeeii lha kepriben kuweee??? enyong ora mudeng kiyee…
    *salam kenal*

    ” admin:
    ya ora kepriwe-kepriwe kang. lah salahe orang mudheng, hehehe. :mrgreen:
    * salah kenal juga *

  8. maen sumpah artikele, marakna pingin ngentut, hahahahaha..dolan ngeneh maring nggombong, tek kenalna karo bocah kaya entut, hih,deneng omongane dadi serba entut ya, kowe sih lah..:)

    ” admin:
    kowe mesthi bocahe ngentutan ketone kiye. :mrgreen:

  9. nah ketemu kiye… ket ganu inyonge nggoleti bakul entut sing tukang tukuni entut… jebule nang kene kiye wonge…. kiye pak admin… wis kbelet ngentut banget kiye…. rep diteliti ora model ntutku???

    ” admin:
    asem, ora lah kang, ora perlu. mesthi mambune kuwe…

  10. mas …asliku Temanggug..ben aku rodo ora mudeng karo boso sampeyan..tapi aku ngerti artine..lucu tenan…pokoke top mas…
    ono crito lucu liyane ra…bagi-bagi ya…

    “admin:
    aku asli kebumen mas, jadinya ya ngapak banget kaya gitu. nanti kalau ada cerita lucu lainnya, aku kasih linkya deh. atau njenengan ublek-ublek sendiri di blog ini juga bisa.

  11. ada2 aja…tapi lucu. bahasa ngapak itu bahasanya orang kebumen ya?kalo aku asli malang

    “admin:
    pokoke mba, kebumen is the best. πŸ˜€

Leave a Reply to suwung Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *